WULANGAN 4 : KESENIAN
I. Nyemak. Standar Kompetensi : Mampu memahami dan menanggapi berbagai ragam wacana lisan tentang bahasa, sastra dan budaya Jawa melalui menyimak informasi dari media elektronik maupun cerita yang disampaikan secara langsung atau melalui rekaman. Kompetensi Dasar: Menyimak dan menanggapi Campursari Indikator : * Menceritakan kembali dengan kata-katanya sendiri mengenai isi lagu campursari dalam bahasa jawa denga tingkat tutur krama. * Mengidentifikasi ungkapan-ungkapan yang mengandung nilai-nilai budi pekerti dalam lagu campursari Materi : lagu campursari |
A. Lelagon Campursari
CAMPURSARI
Campursari bisa diarani lelagon, sebab anggone maca / nembang bisa kanthi cara dilagokake (kanthi solah bawa). Campursari uga bias wujud macapat, gendhing, langgam lan tembang liyane. Lelagon campursari iku ora duwe aturan sing baku utawa gumathok, sing mesthi bias gawe gumyak lan seneng sing ngrungokake lan bias kanggo nglelipur ati. Cakepane uga prasaja lan gampang diapalake, disenengi para mudha lan sepuh, malah kepara disenengi bocah-bocah.
Sing ngiringi dumadi saka gamelan (instrument tradisional) kayata: kendhang, saron, demung lsp, lan alat music kayata: gitar, bas, drum, organ, lsp; loro-lorone ditabuh bebarengan kanthi laras lan kepenak dirungokake.
Penyanyi sing kondhang kayata: Manthous, Didi Kempot, Sunyahni, Sony Joss, Cak Dikin lsp. Isine lelagon campursari bias manekawarna, umpamane nggambarake: katresnan, papan wisata, susahing ati, lelucon ,lsp.
Coba tuladha lelagon campursari iki tembangna. Bisa kanthi ijen utawa bebarengan. Yen durung bisa kanthi cara ngrungokake kaset campursari.
1. Wujud langgam
YEN ING TAWANG
(Bawa Sekar Macapat Sinom)
Yen ing tawang ana lintang,
cah ayu aku ngenteni,
marang mega ing akasa,
sun takon warta nireki,
janji-janjiku eling,
sumedhot raseng tyas ingsun,
nimas ingsun prasapa,
sineksenan bumi langit,
tangising tyas ngenteni padhang rembulan.
Langgam
YEN ING TAWANG
Yen ing tawang ana lintang cah ayu, aku ngenteni tekamu
Marang mega ing akasa nimas, sun takoke pawartamu
Janji-janji aku eling cah ayu, sumedhot rasaning ati
Lintang-lintang ngiwi-ngiwi nimas, tresnaku sundhul wiyati
Reff. Dhek semana janjiku disekseni
Mega kartika kairing rasa trena asih
Yen ing tawang ana lintang cah ayu, rungokna tangising ati
Binarungswaraning ati nimas, ngenteni mbulan ndadari.
Katrangan :
Bawa tegese wong nembang ijen ( tanpa diiringi gamelan ), kanggo miwiti gendhing, langgam. Sing nembang bias lanang utawa wadon.
Teges tembung:
· Tyas : ati
· Tawang : langit
· Ingsun : aku
· Prasapa : janji
CAPING GUNUNG
(Bawa Sekar Macapat Pangkur)
Saben bengi nyawang kunang
Yen memajang mung karo janur kuning
Kembang wae weton nggunung
Pacitan sarwi jenang
Panas udan aling-aling caping nggunung
Nadyan wadon sarta lanang
Inumane banyu bening.
Langgam
CAPING NGGUNUNG
Dhek jaman berjuang njur kelingan anak lanang,
Biyen tak openi, ning saiki ana ngendi
Jarene wis menang keturutan sing digadhang
Biyen nate janji ning saiki apa lali
Reff. Neng nggunung tak cadhongi sega jagung
Yen mendhung tak silihi caping nggunung
Sokur bisa nyawang, gunung desa dadi reja
Dene ora ilang nggone padha lara lapa.
2. Wujud Lelagon
GETHUK
Sore-sore padhang mbulan
Ayo kanca padha dolanan
Rene-rene bebarengan
Rame-rame e dha gegojegan
Kae-kae rembulane
Yen disawang kok ngawe-awe
Kaya-kaya ngelingake
Kanca kabeh aja turu sore-sore
Reff. Neng nggunung tak cadhongi sega jagung
Yen mendhung tak silihi caping nggunung
Sokur bias nyawang , nggunung desa dadi reja
Dene ora ilang nggone padha lara apa.
CINTA TAK TERPISAHKAN
Wiraswara : Dhuh Denok gandhulane ati tegane nyulayani
Janjimu sehidup semati among ana ing lathi
Rasa sayangmu sudah pergi tak menghiraukan aku lagi
Dhuh Denok gandhulaning ati tegane nyulayani.
Swarawati (*) : Dhuh Kangmas jane aku tresna lilakna aku lunga
Ati ra kuwat nandhang rasa, rasa keranta-ranta
Cintakmu sudah tak beneran, aku hanya buat mainan
Dhuh Kangmas jane aku tresna lilakna aku lunga.
Wiraswara : Tresna iki dudu mung dolanan
Kabeh mau amarga kahanan
Sing tak jaluk among kesabaran
Mugi Gusti paring kasembadan
Swarawati : Nggo ngedhem atiku
ben aku ra mlayu
Ning tanggung jawabmu
Itu palsu
Wiraswara : Denok aku cinta beneran
Pasti kan kubuktikan
Ayah ibuku akan datang
Malamar dikau sayang
Swarawati : Hatiku turut mendoakan
Semoga Tuhan mengabulkan
Swarawati+
Wiraswara : Cinta kita tak terpisahkan walau di akhir zaman ( wangsul (*))
B. Kawruh Basa
1. Dasanama
Panganggenipun tembung-tembung dasanama kedah trep kaliyan pilihan tembung sanesipun. Menawi tembungipun dasanama ngoko, inggih tembung-tembung sanesipun ugi, menawi karma, tembung sanesipun ugi karma, menawi dasanamanipun tembung kawi, tembung sanesipun ugi dipuntambah kawi.
Conto :
Anak : putra, siwi, sunu, atmaja
Jeneng : aran, asma, jejuluk.
Conto ing ukara :
a. Anakku sekolah ing SMK kelas 1. (leres)
b. Sunu panjenengan sekolah wonten pundit ? (kiranng leres)
Putra panjenengan sekolah wonten pundit ? (leres)
c. Lesmana Mndrakumara atmaja saking Prabu Duryudana. (leres)
d. Sapa jenengmu Dhik ? (leres)
Jejulukmu sapa Dhik ? (kirang leres)
e. Ratu ing Ngawangga jejuluk Adipati Basukarna. (leres)
Cak-sakanipun dasanama menika leres menapa boten ?
a. Esuk-esuk bagaskara wis jumedhul saka wetan.
b. Sinten asma panjenengan Mas ?
c. Bapak indak dhatenng Surabaya.
d. Ibu lunga dhateng Jakarta.
e. Rembulane padhang banget ing wayah wengi.
Cobi kapadosana dasanamaning tembung menika:
a. Tawang
b. Lintang
c. Tyas
d. Bumi
e. Rembulan
2. Tembung Garba
Tembung garba utwi tembung sandi, inggih menika tembung kalih utawi langkung kagandheng dados setunggal, kanthi nyuda cacahing wanda (suku kata), limrah pinanggih ing tembang (utawi geguritan), kangge ngetrapaken cacahing guru wilangan.
Tuladha :
a. Wartanireki = warta + nira +iki
Warta = kabar
Nira = kowe
Wartanireki = kabarnu, kabar saka kowe.
b. Rasengtyas = rasa + ing + tyas
Tyas = ati
Rasengtyas = rasaning ati
Cobi tembung Garba menika kaudharana kados tuladha ing nginggil:
a. aneng
b. aranireki
c. lemebeng
d. jalwestri
e. lagyaning
f. sang maharsi mertapa ing gunung Indrakila
g. prapteng wisma si Pocung muntah guwaya
h. negaraku bakal dakbelani tumekeng pati.
i. sang nata lenggah siniwaka ing sitinggil binata rata.
j. prajurit iku duwe watak wiratama.
3. Teges Tembung
Cobi kapadosana tegesing tembung-tembung kang kacithak miring menika!
a. Ingsun ora bakal cidra janji marang sira.
b. Ana pawarta apa saka Jakarta?
c. Binarung swaraning gendhing, tembang endah dirungokake.
d. Dakgadhang kowe bias urip mulya.
e. Seksenana aku bakal prasapa marang sira.
f. Wanci ratri lintange abyor.
g. Udan-udan, ngombe kopi pacitane tela goreng.
h. Yen arep mantu banjur majang janur kuning.
i. Yen aku mrene mesthi dicadhong senenganku, yaiku sega abang.
j. Dak rewangi lara lapa, anakku supaya bias urip mulya besuke.
II. Micara Standar Kompetensi : Mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan dan tanggapan dalam berbagai bentuk wacana lisan dan non- lisan tentang bahasa, sastra dan budaya Jawa dengan menggunakan santun bahasa atau unggah-ungguh bahasa sesuai dengan konteks budaya Jawa Kompetensi Dasar : Menceritakan kembali dan menanggapi campursari Indikator : * Mengemukakan pendapat secara lisan tentang lagu campursari dengan pi-lihan kata dan ekspresi yang sesuai dalam bahasa Jawa tingkat tutur ngoko dan atau krama. * Menanggapi hasil dhiskusi yang diceritakan orang lain dengan bahasa Jawa tingkat tutur ngoko dan atau krama Materi : lagu campursari. |
B. Ngandharake Panemu
Cobi kaandharaken pamanggihipun para siswa lajeng kawaos ing ngajeng, siswa sanesipun saged suka pamanggih lan pamrayogi.
1. Kawontenan lagu campursari ing jaman samenika
2. Syair lan lagu campursari
3. Penyanyi lan pangripta campursari
4. Kadospudi pamanggihipun para siswa (pribadi) bab lelagon campursari ? Cobi kaandharna dhasaripun !
5. Lelagon campursari kalebet asiling kabuidayan Jawi ingkang kedah dipunlestantunaken (dilestarekake).
C. Mangsuli Pitakon
Wangsulana nganggo basa sing becik.
1. Sawise mangerteni tuladhane lelagon campursari (langgam, lagon), kira-kira apa isine lelagon ?
a. Gethuk
b. CTT ( Cinta Tak Terpisahkan)
c. Yen Ing Tawang
d. Caping Nggunung
2. Kepriye pamilihe tembung-tembunge ing lelagon campursari ing wacan ?
3. Kajaba tuladha ing ndhuwur, apa ana lelagon campursari sing kok senengi lan sapa sing nembang ?
4. Coba aranana music campursari kuwi apa ?
5. Apa sing dadi sebabe lelagon campursari disenengi wong ing jaman saiki, kabukten akeh penyanyi campursari dadi kondhang manggung ing sadhengah papan, lan kaset campursari uga laris diedol ?
III. Maca Standar Kompetensi : Mampu membaca dan memahami berbagai teks bacaan tentang bahasa, sastra dan budaya serta menganalisis struktur dan isinya. Kompetensi Dasar: Melagukan dan memahami lelagon lan gendhing Indikator : a. Membaca cerita wayang b. Mengidentifikasi ungkapan-ungkapan yang mengandung nilai-nilai budi pekerti dalam cerita wayang Materi : Lelagon lan gendhing |
A. Ajar Nembang
1. Lelagon
Lelagon iki tembangna kanthi ijen utawa bebarengan!
RAMA ANA MALING
Anggitane : Titiek Puspa
. . 6 6 6 6 . 1 6 . . . 2 3 5 6
Ma, ma, ma, ma Ra-ma a-na ma-ling
. . 6 5 3 2 . 2 3 1 6 1 3 1 2
Tu-lung-a-na pu-tra-mu sing ke-ma-ling-an
. . 5 5 5 5 . 6 5 . . . 2 3 5 6
Ma, ma, ma, ma Ra – ma a-na ma-ling
. . 5 5 6 . 1 . 2 1 6 5 3 2 6 5 3
Yen a- ku e – dan a – pa Ra-ma ra ke-lang-an
. . 6 6 6 6 . 1 6 . . . 2 3 5 6
Ma, ma, ma, ma Ra-ma a-na ma-ling
. . 6 5 3 2 . 2 3 1 6 1 3 1 2
The – lak the-lik a – ti – ku o – ra ka – ru-wan
. . 6 6 6 6 . 1 6 . . . 2 3 5 6
Ma, ma, ma, ma Ra-ma a – na ma – ling
. . 5 6 . 1 . 2 1 6 5 3 2 3 5 6
Ndang ce – kel – en ga – wa mre-ne ja di – la- wan
Reff.
. 3 . 2 . 3 . . 6 3 6 2 . 3 . 6
(Ma – ra – ma ra-ma a-na ma – ling)
. . . . 1 1 1 1 . 1 3 1 6 6 1 2 2
Nye- kel ma- ling pan- tes- e ya di- ge- bu- gi
. . . . 1 2 3 1 5 6 1 2 1 6 2 1
a – dhuh ra – ma lu – wih be – cik a – ku ma – ti
. . . . 1 1 1 . 1 1 3 1 6 6 5 3 3
ndhuk ndhuk gen-dhuk ma – ling – e a – ngge – gi – ri – si
. . . . 3 5 . 6 . 1 6 2 1 6 2 1 6 5
To-bat ra – ma ma-ling – e ni – ku edi – pe-ni
. . . . 5 5 5 3 5 6 5 6 1 2 1 6 2 1
Sing di – gon- dhol a – pa ni – ki sing ge-man-dhul ni – ki
. . . . 5 5 5 3 5 6 5 6 1 2 1 6 2 1
Ge-man-dhul ing en-di ni-ki sing teng j e – ro ni – ki
. . . . 5 5 5 3 5 6 1 3 1 6 6 1 3 1 2
a-na je-ro en-di ni-ki lho sing teng je- ro dha-dha
. 1 3 1 6 6 1 3 1 2
a – ti ku – la di-gon-dhol lu-nga
. . . . 5 5 3 5 6 . 5 6 1 2 2 1 6 2 1
Ngo-no ya ngo-no ngo-na ngo-no ning a – ja ngo-no
2. Gendhing
Gendhing menika lelagon ingkang kairing gamelan.
Lancaran GUGUR GUNUNG
2 7 2 7 2 7 2 7 3 5 7 6 3 2 7 6
a-yo kan-ca a-yo kan-ca nga-yah-i kar-ya-ning pra-ja
2 3 2 3 2 3 2 3 2 7 6 5 6 2 5 3
Ke-ne ke-ne ke-ne ke-ne gu-gur gu-nung tan-dang ga-we
. . 5 6 6 6 6 6 2 3 5 6 5 7 6 5
Sa-yuk sa-yuk ru-kun be-ba-reng-an sak-kan-ca-ne
. . 23 3 3 3 3 5 6 7 5 6 5 3 2
li-la lan le-ga-wa kang-go mul-ya-ning ne-ga-ra
2 7 2 7 2 7 2 7 . . 3 5 6 6 6 6
Si-ji lo-ro te-lu pa-pat ma-ju pa-pat pa-pat
. 3 6 7 6 3 3 3 2 7 6 5 3 3 3
di-u-lang u-lung-a-ke mes-thi eng-gal ram-pung-e
. 6 6 6 6 6 . 6 6 . 5 5 5 5 5 . 5 5
Ho-lo-bis kun-tul ba- ris Ho-lo-bis kun-tul ba- ris
. 3 3 3 3 3 . 3 3 . 7 2 6 5 3 . 2 2
Ho-lo-bis kun-tul ba- ris Ho-lo-bis kun-tul ba- ris
Piwulang Budi pekerti ing tembang Gugur Gunung :
1. Sing rukun karo kanca, tangga, sedulur.
2. Nyambut gawe yen ditindakake bebarengan, enggal rampung
3. Gotong royong bisa ngraketake paseduluran
4. Yen nyambut gawe kudu eklas ( lila legawa) supaya oleh rahmating Gusti.
5. Warga kudu labuh Negara, supaya Negara lan bangsa mulya raharja.
B. Kawruh Ing Tembang lan Gendhing.
Kawruh ingkang magepokan kaliyan tembang lan gendhing, kapadosana tegesipun!
1. bawa
2. gerong
3. niyaga
4. sindhen
5. buka
6. wirama
7. titilaras
8. cengkok
9. cakepan
10. uyon-uyon
C. Tuladha Tembang lan Gendhing
Cobi kapadosana tuladhanipun, namaning:
1. Tembang macapat
2. Tembang dolanan
3. Campursari
4. Keroncong
5. Langgam.
IV. Nulis Standar Kompetensi : Mampu mengungkapkan pikiran, pendapat, dan gagasan tentang bahasa, sastra, dan budaya Jawa dalam ragam tulis. Kompetensi Dasar: Mengarang dengan tema bahasa, sastra dan budaya Jawa Indikator : 1. Mengalihbahasakan dari bahasa Jawa ngoko ke bahasa Jawa krama. 2. Mengemukakan pendapat tentang musik tradisional. 3. Membetulkan tata tulis dari lagu campursari Materi : Alih bahasa Jawa dari bahasa Jawa ngoko ke krama. |
A. Basa Krama
Ukara ingkang basanipun ngoko menika cobi kasalinana basa krama:
1. Simbah seneng ngrungokake keroncong lan langgam.
2. Aku tuku kaset campursari, sawise diwenehi dhuwit bapak.
3. Kasete dak tuduhake bapak banjur disetel.
4. Lelagon campursari iku disenengi wong tuwa lan enom.
5. Jaman saiki arang wong enom sing bisa nembang keroncong.
6. Wong ngrungokake nembang bisa kanggo nglelipur ati.
7. Keroncong iku asiling kabudayan Indonesia asli.
8. Sanajan bocah enom, aku uga seneng lelagon campursari.
9. Aja lali marang kabudayane dhewe sing adiluhung.
10. Wong manca uga akeh sing seneng tembang Jawa.
B. Ngandharake Panemu
Cobi kaandharna pamanggihipun para siswa piyambak:
1. Jinis music menapa ingkang para siswa remeni? Menapa sebabipun siswa remen jinis menika?
2. Menapa siswa ugi remen musik tradisional?
3. Jinis musik tradisional kedah lestari. Menapa sebabipun?
4. Menapa lelagon campursari ugi isi pitutur?
5. Cobi kapadosana tuladha lelagon campursari, lajeng kaserata cakepanipun kanthi tata tulis Jawa ingkang leres.
C. Tata Tulis
Cobi kaleresaken cakepan lelagon campursari menika, kanthi tata panyerat ingkang leres. Gatosake bedanipun: a/o; t/th; d/dh.
OJO DIPLEROKI
Mas, mas, mas, ojo dipleroki
Mas, mas, mas, ojo dipoyoki
Karepku njaluk diesemi
Thingkah lakumu kudhu ngerti coro
Ojo ditinggal kapribaden ketimuran
Mengko gek keri ing jaman
Mbok ya sing eling, eling bab opo
Iku budoyo, pancene bener kandamu.