F. LKS 6

WULANGAN 6 : KASUSASTRAN

Kompetensi Dasar :

I. Nyemak : Nyemak lan nanggapi waosan

II. Micara : Nindakaken pacelathon. Ngandaharaken pamanggih adhedhasar pengalaman

III. Maca : Damel serat perjanjen. Nyerat Jawi

IV. Nulis : Nyekar Mijil

I. NYEMAK

A. Nyemak Wacan

Pethikan saka Kalawarti iki wacanen, siswa liyane nyemak.

WEDHATAMA

Serat Wedhatama anggitane KGPAA Mangkunegara IV klebu sawijining karya sastra Jawa kang wigati ing jagading kasusastran. Katitik nate kajarwakake ing Basa Belanda, Inggris, lan Prancis. Malah kalawarti Djawa tau nganakake lomba njarwakake menyang basa Belanda (Djawa No. 1927).

Sing dadi pemenang ing lomba kasebut Yaiku Zoetmulder (Prof. Dr. PJ Zoetmulder) iku bangsa Jerman, ahli sastra Jawa kuna, Guru Besar Sejarah UGM, kanthi bukune sing kondhang yaiku Kalangwan ngenani studi sastra Jawa kuna. Serat Wedhatama awujud tembang; isine piwulang marang para mudha supaya ngucap lan tumindak becik, nduweni jiwa satriya, nindakake lan taat marang agama lan Negara, sarta ora kelangan falsafah kejawen. Naskah kanthi aksara Jawa iki sing asli disimpen ing Perpustakaan Reksa Pustaka Mangkunegaran, Surakarta.

Wedhatama dumadi saka 5 pupuh, 100 pada. Pupuh Pangkur (ing pada 1-14), Sinom (ing pada 15-32), Pocung (ing pada 33-47), Gambuh (ing pada 48-82), ing pupuh Kinanthi (pada 83-100). Ana tembang sing kaya wis mbalung sungsum ing atine wong Jawa, malah cakepane akeh sing apal.

Tuladhane tembang kasebut yaiku :

- Tembang Pangkur (Mingkar-mingkur ing angkara….lst)

- Tembang Sinom (Nuladha laku utma….lst)

- Tembang Pocung (Ngelmu iku kalakone kanthi laku….lst)

Tembung Wedhatama ditegesi ilmu kang utama, sengaja kaanggit wujud tembang, amrih gampang diapalake. Ing pada kapisan, sapa wae kudu ngedohi napsu angkara kanggo sangu nggulawentah putra. Piwulang iku ora mung katujokake kanggo para mudha nanging uga para sepuh.

Sabanjure uga diterangake titikane wong pinter lan bodho. Yen wong bodho iku titikane tansah nggugu karepe dhewe, yen omong cal-cul tanpa dipikir luwih dhisik, kuminter, emoh yen dianggep bodho lan mendem aleman, akeh omonge sing tanpa guna. Dene wong pinter, alus solah bawane, andhap asor, becik bebudene / tumindake, ora seneng pamer, ora gampang mutung yen disaruwe, pikire wening, yen ngrampungake perkara kebak ing kawicaksanan.

Wedhatama nelakake, apa sajatine wong sing bisa dianggep diwasa yaiku gegondhelane agama, putus ing ilmu agama bisa nyapih hawa nepsune, mawas manunggaling kawula Gusti. Dene para mudha lumakuwa minangka satriya Jawa (nyonto laku utamane Panembahan Senapati, raja kapisan bumi Mataram). Titikane satriya Jawa yaiku lila yen kelangan, sabar ing pacoban, pasrah lan tawakal mring Gusti. Ing Wedhatama uga ana pitutur wong urip kudu nindakake tapa brata, ing jaman saiki bisa ditegesi tirakat, urip samadya (prasaja). Ancase supaya anak putune urip kepenak, dhuwur drajad lan pangkate. Dhasaring urip wong Jawa iku ana 3 yaiku wirya (pangkat). Arta (sugih bandha), lan winasis (pinter). Yen urip dadi wong angguran, rekasa uripe, bodho (ora duwe ngelmu) bebasan uripe aji godhong jati aking.

(Jayabaya no. 9 Oktober 2005, mawa besutan).

B. Tegese Tembung

Cobi kapadosana tegesing tembung menika.

1. anggitan 6. nggulawentah

2. kajarwakake 7. cakepan

3. kalawarti 8. mbalung sungsum

4. pupuh 9. disaruwe

5. pada 10. tapa brata

C. Maknane Ukara

Menapa tegesipun ukara menika ?

1. Duwe jiwa satriya

2. Ilmu kang utama

3. Alus solah bawane

4. Pikirane wening

5. Aji godhong jati aking

D. Mangsuli Pitakon

Kawangsulana adhedhasar waosan, kanthi basa karma !

1. Serat Wedhatama kalebet asiling kasusastran ingkang kondhang. Menapa buktinipun ?

2. Sinten Zoetmulder menika ?

3. Menapa isinipun serat Wedhatama menika ?

4. Menapa buktinipun dene sekar macapat sampun mbalung sungsum tumrap gesangipun tiyang Jawi ?

5. Tiyang Jawi nggadhahi dhasar kangge gesangipun, menapa kemawon dhasar menika ?

6. Kadospundi titikanipun tiyang bodho lan pinter menika ?

7. Cobi kaandharna titikanipun tiyang kaanggep dewasa manut serat Wedhatama ?

8. Menapa titikanipun satriya Jawi kados sipatipun Panembahan Senapati ?

9. Kadospundi tegesipun tirakat ing pagesangan jaman samenika ?

10. Menapa pangajeng-ajengipun tiyang sepuh dhateng putra wayahipun ?

II. MICARA

A. Sesorah (pidhato)

Cobi tuladha sesorah menika katindakna kanthi lagu ingkang sae !

(Saged milih salah setunggal)

1. Sesorah Ketua Karang Taruna

Nuwun, para sesepuhlan pinisepuh ingkang kinurmatan, mudha-mudhi anggota karang taruna Mekar, kampung Kauman ingkang kula tresnani. Muji sokur konjuk ing ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, dene kita sedaya saged makempal ing wekdal saha papan menika saperlu pepanggihan utawi rapat mudha-mudhi karang taruna Mekar.

Kula minangka ketua karang taruna Mekar, ngaturaken panuwun dhumateng sesepuh, pinisepuh saha para rawuh sedaya ingkang sampun kersa rawuh nglonggaraken wekdal minangkani panyuwun kula. Raos bombong lan suka bagya tumuju dhateng sedherek kula anggota karang taruna Mekar ingkang gadhah ancas lan gegayuhan luhur majengaken karang taruna kanthi ngadani pirembagan bab menapa kemawon, ingkang tundhonipun saged ngasilaken pirembagan ingkang mentes, sageda murakapi dhateng sedaya warga karang taruna Mekar mliginipun lan masyarakat Kauman umumipun.

Para rawuh sedaya, kula suwun dhumateng panjenengan ingkang kagungan pangertosan menapa kemawon mugi kersa ngandharaken ing rapat menika, amrih mudha-mudhi anggota karang taruna mriki, tambah seserepan lan saged nyengkuyung majenging paguyuban.

Warga karang taruna Mekar ingkang sutresna, mugia kersaa ing antawisipun setunggal lan setunggalipun caos penget menawi wonten anggota ingkang tumindak nalisir saking garising leres, sedaya sageda dados tuladha tumrap para mudha ing kampung mriki.

Kula kinten cekap semanten atur kula, nyuwun pangapunten bilih wonten tetembungan ingkang kirang mranani penggalih, saha solah bawa ingkang kirang nuju prana. Ing wasana, sugeng pirembagan, mugi lancar samudayanipun, ngasilaken satunggaling bab ingkang migunani tumrap warga karang taruna lan masyarakat kampung Kauman umumipun. Wekdal kula aturaken saprayoginipun dhumateng pranata cara. Matur nuwun.

2. Sesorah Ketua Panitia Bazar

Nuwun, Bapak Kepala Dhusun Karang Anom ingkang kinburmatan, Bapak Ibu Sesepuh lan pinisepuh ingkang pantes sinudharsana. Para warga Karang Anom dalah mudha-mudhinipun ingkang sutresna.

Raos sukur sumangga tansah kita aturaken dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung, dene kula lan panjenengan sedaya saged makempal ing acara bazaar ingkang dipunwontenaken dening pakempalan mudha-mudhi dusun Karang Anom menika.

Kula minangka ketua panitia acara bazaar menika, ngaturaken gunging panuwun dhumateng para warga ingkang sampun kersa rawuh ing acara menika. Dhumateng para kanca saha para warga ingkang sampun paring pambiyantu awujud menapa kemawon, saengga acara bazaar menika saged kalampahan, mugi-mugi kasaenan panjenengan pikantuk piwales saking Gusti Ingkang Maha Mirah. Ing pangajab mugi-mugi bazaar menika saged lumampah kanthi sae., trep kaliyan gegadhangan kita sedaya. Pramila para rawuh sedaya kersaa paring pambiyantu kanthi mundhut barang ingkang kacawisaken, kanthi mekaten asiling bazaar badhe kaginakaken kangge pembangunaning dhusun mriki.

Sasampunipun acara bazaar dipunbikak dening Bapak Kepala Dhusun, sumangga barang ingkang kagelar dipunpriksani, menawi wonten ingkang cocok lajeng dipunpundhut, sukur menawi kaborong sedaya.

Ing wasana boten kesupen sedaya panitia nyuwun pangapunten, menawi anggenipun ngawontenaken bazaar, kathah kekiranganipun utawi kirang nuju prana penggalih penjenengan sedaya, kula pribadi menawi wonten kalepatan atur saha tindak-tanduk ingkang kirang mranani nyuwun pangapunten. Matur nuwun.

B. Tegese Sesorah

Sesorah utawi pidhato tegesipun micara utawi medhar sabda, nglairaken gagasan kanthi lisan ing sangajengipun tiyang sanes. Sesorah saged katindakaken kanthi maneka warna cara, wonten ingkang maos teks utawi maos cathetan. Wonten ugi ingkang tanpa maos. Tumrap ingkang nembe gladhen utawi latian, saged sesorah kanthi maos cathetan. Menawi sampun rumaos lancer, saged sesorah tanpa maos, amargi menika langkung sae menawi dipunpirsani tiyang sanes.

C. Ancase Sesorah

Ancas utawi tujuanipun sesorah saged kapilah :

1. Atur pambagya

Sesorah Kangge nampi rawuhipun para tamu, wonten ing acara menapa kemawon, umpaminipun : ing pahargyan (pesta), syukuran lsp.

2. Atur kabar, pawarta utawi informasi

Informasi saged arupi palapuran utawi nyariosaken satunggaling bab dhateng pamiarsa, pramila bab igkang kawedharaken kedah gamblang/cetha. Umpaminipun : sesorah ing rapat, promosi barang, lsp.

3. Atur panglipur / hiburan

Ancasipun supados ingkang mirengaken remen penggalihipun. Umpaminipun : ing layatan, atur saking pambela sungkawa.

4. Pangajak

Ancasipun supados ingkang mirengaken pitados, kapilut manahipun saengga purun nindakaken menapa ingkang dipunwedharaken tiyang ingkang sesorah.

Umpaminipun : panyuluhan kesehatan (KB, nyegah sesakit, njagi lingkungan, ngajak senam sehat).

D. Bab Wigati Nalika Sesorah

Bab ingkang kedah dipungatosaken nalika sesorah :

1. Basa / wicara

Basa ingkang kaginakaken kedah laras kaliyan tiyang ingkang dipunadhepi, ukaranipun ingkang prasaja saengga sekeca dipunmirengaken tiyang sanes.

2. Busana

Manawi nembe sesorah prayogi migunakaken busana ingkang sopan lan laras kaliyan kawontenan. Amrih sae lan ngremenaken menawi dipunpirsani.

3. Swara

Wiramaning swara/swanten ingkang sae sampun ngantos keseron, kelirihen, kecepeten, swanten ingkang cetha, sampun kados menawi maos buku nalika upacara.

4. Solah bawa, patrap (sikap)

Prayoginipun kanthi patrp manteb lan teteg, madhep dhateng pamriksa, asta ngapurancang, boten kaku kados baris.

E. Urut-urutane Sesorah

Supados anggenipun sesorah saged runtut, prayoginipun nggatosaken urut-urutaning sesorah.

1. Uluk salam / salam pambuka

Isinipun ngucapaken salam dhateng para tamu ingkang rawuh, kawiwitan tembung : nuwun, kula nuwun, sugeng siyang, sugeng dalu utawi salam sanesipun.

2. Purwaka

Isi puji sukur dhateng Gusti, lan atur panuwun dhateng para tamu ingkang sampun kersa rawuh ing acara menika.

3. Isi / wigatining atur

Ngandharaken ancasing acara ingkang dipuntindakaken, umpaminipun : atur pambagya mantu, syukuran, supitan lsp.

4. Pangarep-arep

Isinipun panyuwun lan pangajeng-ajeng saking tiyang ingkang kagungan kersa dhateng para tamu, umpaminipun : pandonga, pitutur lsp.

5. Panutup

Isi atur panuwun, awit para tamu sampun kersa rawuh ing acara menika, ugi nyuwun pangapunten saking ingkang kagungan kersa menawi anggenipun nampi rawuhipun para tamu wonten kekiranganipun, kapungkasi salam panutup : nuwun, matur nuwun, sugeng dalu lsp.

(Jatirahayu, 2004. Pinter Sesorah)

Tugas

Cobi kawangsulana adhedhasar pamanggihipun para siswa :

1. Menapa kanca ingkang maos sesorah (tuladha ing nginggil) sampun sae, trep kaliyan bab wigatos sesorah ?

2. Kawastanana urut-urutaning sesorah (ing tuladha) ingkang pundit uluk salam, purwaka, isi, pangarep-arep lan panutup.

III. MACA

A. Tembang Macapat

Sekar Macapat ing serat Wedhatama menika kasekarna kanthi ijen utawi sesarengan, menawi dereng saged nyekar saged gladhen kanthi mirengaken kaset sekar macapat, utawi gladhen sesarengen kaliyan kanca sanesipun.

PANGKUR

1. Mingkar mingkuring angkara,

Akarana karenan mardi siwi,

Sinawung resmining kidung,

Sinuba sinukarta,

Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung,

Kang tumrap neng tanah Jawa,

Agama agaming aji.

2. Uripe sepisan rusak,

Nora mulur nalare pating saluwir,

Kadi ta guwa kang sirung,

Sinerang ing maruta,

Gumarenggeng anggereng anggung grumunggung,

Pindha padhane si mudha,

pradene paksa kumaki.

Tegesing tembung :

Golekanan tegese tembung iki :

1. Mingkar-mingkur

2. Angkara

3. Karenan

4. Mardi

5. Siwi

6. Sinukarta

7. Pakarti

8. Sirung

9. Maruta

10. Kidung

POCUNG

1. Ngelmu iku kalakone kanthi laku,

Lekase lawan kas,

Tegese kas nyantosani,

setya budya pangekese dur angkara

2. Lila lamun kelangan nora gegetun

Trima yen kataman,

Saserik sameng dumadi,

Tri legawa nalangsa srahing bathara.

Tegese tembung :

Adhedhasar tembung kasebut, golekana tegese tembung iki :

1. Lekas

2. Lila

3. Kas

4. Gegetun

5. Nyantosani

6. Kataman

7. Budya

8. Serik

9. Pangekese

10. legawa

B. Crita Cekak

Asiling kasusastran Jawi maneka warni wujudipun. Wonten ingkang wujud gancaran (prosa), tembang, (puisi terikat), geguritan (puisi bebas). Wujud gancaran ateges andharan. Ingkang kalebet gancaran umpaminipun : crita cekak (cerkak), crita sambung-sinambung (cerbung), roman novel, dongeng (fable, mite, legenda).

Cerkak limrah dumados saking 5000 – 10.000 tembung. Senajan cekak nanging cariyosipun sampun rampung (tuntas).

Tugas

Maos cerkak utawi novel ing kalawarti basa Jawi. Sasampunipun gladhen maos lajeng karekam ing kaset, supados saged dipunmirengaken sesarengan.

Lajeng kaserata :

1. Namaning paraga lan wewatakipun

2. Tumindakipun paraga ingkang kagolong tumindak sae lan awon.

3. Isinipun (sae, kirang sae)

4. Piwulang budi pekerti

Pamanggihipun siswa bab cerkak / novel ingkjang kawaos (saged ngandharaken : judhul, basanipun, pamilihing tembungipun)

IV. NULIS

A. Nulis Cerkak, Geguritan

Nulisa cerkak utawa geguritan, temane pilihen manut kasenenganmu dhewe-dhewe. Sadurunge gawe bisa maca geguritan utawa cerkak ing kalawarti basa Jawa (Jaka Lodang, Jaya Baya) utawa antologi cerkak / geguritan kanggo gegambaran anggonmu dhewe.

B. Nulis Latin

Tulisan Jawa iki wacanen, banjur tulisen latin

Äpitutu/luau/.

Äai=[fovaikian[r=owe/nkekrepP[nbpbiyuz¿,kpisnBpbiyu=k=kepezinHn[kKsugihlnP=kt¿,kpi[nDobpbiyu=k=[aorke[pzinHn[kKsugihlnP=ktNzi=auripKe[pnk¿,

ÄmnutPnemumukepºi[y,ap[ynSugihlnP=ktMesQiauripKe[pnk¿,si=figyuhmnu=sauripMesQi[nke[pnkHuri[pPlnHugksinu=znBnD,fºjf¿,lnP=kt¿,

ÄyenKsinu=znBnDfºjpLnP=ktBisag[wbecikMr=liyn¿,[ynBism=[ko[nobisautmauripM|.

Ajar Gawe Tembang

Gawea tembang Pocung kaya tuladha ing gambar iki !

Follow

Get every new post delivered to your Inbox.

%d bloggers like this: