E. LKS 5

WULANGAN 5 : PARIWISATA

Kompetensi Dasar :

I. Nyemak : Nyemak lan nanggapi waosan

II. Micara : Nindakaken pacelathon. Ngandaharaken pamanggih adhedhasar pengalaman

III. Maca : Damel serat perjanjen. Nyerat Jawi

IV. Nulis : Nyekar Mijil

I. NYEMAK

A. Semakan

Salah siji siswa maca, liyane nyemak kanthi premati.

TAMAN SARI

Taman Sari duwe kaluwihan Manawa ditandhingake karo obyek wisata liyane, kajaba duwe wisata sejarah awit minangka peranganing kraton Ngayogyakarta, papane gampang dituju, kejaba dadi asset wisata ya asset budaya, minangka peninggalan purbakala.

Taman Sari mapan ing sisihn kidul kulon (barat daya) kraton, ing sajroning beteng. Manut riwayate Taman Sari kabangun dening Sri Sultan Hamengku Buwana I tau 1758 Masehi, minangka papan palereman kulawarga kraton, papan rekreasi uga beteng pertahanan. Taman Sari kabangun suwene watara 4 taun kawiwitan nalika taun 1687 (taun Jawa) nganti 1691.

Sesebutan liyane Taman Sari yaiku water Castle utawa Isatana Air utawa Kraton Banyu sebab ing kono ana Taman Segaran uga tandurane kembang kenanga sing wangi banjur papan iku diarani Kraton Pulo Kenanga, minangka mapane Sri Sultan HB I nganti HB III. Ing sisih kulon ana masjid Taman Sari sing dumadi 2 tataran, tataran sepisan papane sholat Prameswari/ratu, tataran 2 kanggo papane sholate Sultan, ing tengahe ana sing diarani Sumur Gumuling papan kanggo wudhu, saka Sumur Gumuling ana trowongan + -25 km sing tembus ing Parangkusuma.

Sajrone tama nana papan padusan kanggo para putrid Sultan diarani Umbul Kawitan, Umbul Pamuncar kanggo ratu dene Umbul Panguras papan pasiramaning Sultan. Mapan ing antarane Umbul Pamuncar lan Umbul Panguras ana Gedhung Cemeti papane pusaka kraton. Ing sisih kidule kraton Pulo Kenanga ana Pulo Penambung papan semedi Sultan sisih wetan Taman Segaran, papan kanggo praon nganggo gethek la nana wewangunan arupa plengkung diarani plengkung Taman Segaran. Nalika mlebu ing Taman Sari ngliwati Gapura Agung (saka sisih kulon), dipungkasi Gapura Agung (sisih wetan).

Wewangunan ing Taman Sari maneka warna cakrike, ana cakrik (model) Jawa asli, Hindu, Budha, Islam, Cina, Eropa. Manut citra sing sumebar, ana wong Portugis aran Tegis sing praune kesasar ing Parangtritis, sarehne wong Portugis mau bisa gawe wewangunan (arsitek) banjur kapasrahan gawe taman lan wewangunan ing sajrone taman. Dipandhegani Pangeran Naotokusumo (Paku Alam I)Tumenggung Mangundipuro, Prawirosentika, (Bupati Madiun) lan Demang Tegis (wong Portugis).

Panggawening Taman Sari, saka bata campuran adhukan kapur, pasir degan (banyu klapa) lan putihing endhog. Ing kiwa tengening wewangunan ditanduri maneka warna jinis wit-witan, who-wohan, kekembangan sayuran lan taman obat.

Kahanane Taman Sari saiki wis akeh wewangunan sing rusak amarga gempa bumi, udan, panasing srengenge, lan tangan jail para wisatawan. Ing sakiwa tengene akeh madeg wewangunan omah kanggo panguripane wong kampong lan nyawiji karo Taman Sari. Yen ora dijaga kanthi becik situs purbakala iku bisa rusak lan mbebayani tumrap keslametane warga sing mapan ing sakiwa tengene. Senajan ana untunge dene warga mau banjur padha ngadegake took krajinan kanggo tandha mata (cindera mata) para wisatawan sing padha nonton situs purbakala iku.

(Tnunay, 1991)

B. Mangsuli Pitakon

Kawangsulana kanthi ukara ingkang sae migunakaken basa krama !

1. Coba aranana kaluwihane Taman Sari ditandhingake papan wisata liyane!

2. Apa satemene gunane Taman Sari iku ?

3. Sinebut apa wae Taman Sari iku ?

4. Aranana wewangunan sing ana ing Taman Sari lan pigunane !

5. Sapa sing mandhegani panggawening Taman Sari ?

6. Apa sing njalari rusaking Taman Sari ?

7. Wewangunan ing Taman Sari digawe saka apa ?

8. Kejaba wewqangunan apa sing ana sajrone taman ?

9. Kepriye kahanane sakiwa tengene Taman Sari saiki ?

10. Apa untunge akeh warga sing mapan sakiwa tengene situs purbakala iku ?

C. Ngandharake panemu

Kaandharaken pamanggihipun para siswa adhedhasar pengalamanipun piyambak.

1. Taman Sari menika kalebet jinis wisata alam menapa buatan, menapa dhasaripun ?

2. Menapa sebabipun Taman Sari boten saged kapisahaken kaliyan Kraton Ngayogyakarta ?

3. Kadospundi pamanggihipun para siswa bab wontenipun Taman Sari ing Ngayogyakarta ? Menapa wonten ginanipun ?

4. Menapa untung lan ruginipun para warga mapan manunggal kaliyan Taman Sari?

5. Taman Sari kalebet situs purbakalaingkang kedah kajagi amrih lestari, kadospundi caranipun njagi ?

D. Kawruh Basa

Araning Panggonan

Papan ing Taman Sari menika katerangna ginanipun :

1. Kraton Pulo Kenanga 5. Umbul Panguras

2. Sumur Gumuling 6. Gedhung Cemeti

3. Umbul Kawitan 7. Pulo Penambung

4. Umbul Pamuncar 8. Taman Segaran

E. Tegese Tembung

Menapa tegesipun tembung ing ngandhap !

1. taman 5. semedi

2. wisata 6. palereman

3. kraton 7. plengkung

4. umbul 8. gapura

II. MICARA

A. Dhiskusi

Wacanen lan gatekna andharan kanggo dhiskusi iki banjur pilihen salah siji saka andharan iki. Gaweya klompok sing dumadi saka 4-5 siswa.

1. Kathah turis manca lan domestic ingkang dhateng ing Ngayogyakarta saperlu wisata, kathah papan pariwisata ingkang kalebet asset budaya, nanging eman kathah asset budaya ingkang risak. Kiranging kesadharan para wisatawan lan warga ing sakiwa tengening papan wisata kangge njagi lestarining papan wau.

2. Kitha Ngayogyakarta kalebet gudhanging papan pariwisata wiwit saking wisata alam lan wisata damelan. Ingkang kalebet wisata alam inggih menika wisata laut, gunung, wisata budaya : candhi, museum, kraton, wisata damelan : kebon binatang, taman, pasar seni.

Sawise dhiskusi banjur tulisen bab-bab sing wigati saka asile dhiskusi.

B. Crita Pengalaman

Critakna pengalamanmu kanthi basa sing becik ing sangerepe kancamu ing ngarep kelas. Pengalaman sing kok critakake mau, bab anggonmu wisata ing sawijining papan (papan wisata laut/segara, gunung, krajinan, wisata budaya lsp).

III. MACA

A. Crita Rakyat

1. Kawaosa kanthi premati

RADEN RANGGA

Sawijining dina, ing pendhapa Kraton Mataram, Kotagedhe Panembahan Senopati didhep putrane.

“Apa sira ngerti, sebabe dak timbale Rangga ?” Pandangune Panembahan Senopati.

“Boten rama, menapa wonten bab wigatos ingkang kula tindakaken ?””Sawengi aku ora bisa sare, sariraku krasa lungkrah, apa gelem mijeti samparanku ?” Pandangune ingkang rama.

Raden Rangga nyembah, banjur wiwit mijet samparan ramane, sinambi dipijeti, Panembahan Senopati nerusake pangandikane.

“Rangga, sira kudu sadhar, yen sing kok tindakake wingi dudu tumindak sing becik, snajan sira ora mempan ketaman pusaka, saengga Tumbak Manggala Tuban iku putung, lan sira males kanthi kepelan tangan sing ngremukake sirahe utusan Sultan Hadiwijaya Pajang, uga kok ambali maneh marang utusan Banten. Yentumindak mangkono iku kok terusake bisa tuwuh perdondi antarane aku lan mitaku. Aku samar lan kuwatir yen tumindakmu iku bisa gawe cilakane awakmu dhewe. Sira kudu ngerti yen gunung dhuwur, isih ana gunung liyane sing ngluwihi dhuwure. Coba putungen drijiku iki yen sira rumangsa sekti.

Raden Rangga serik atine, rumangsa diice ramane, banjur nyoba mutung drijine ramane, nanging ora bisa. Sanajan panas atine Raden Rangga banjur nerusake mijeti samparane ramane.

“Rangga, paribasane Suradira Jayaningrat, lebur dening pangastuti, sakabehing wujud tumindak ala lan angkara murka iku bakal sirna kanthi luhuring budi lan tumindak utama, tumindakmu iku ora becik, kumalungkung, apa ta sing sira goleki ing panguripan sira iku ? Uripe manungsa ora suwe, bakal abadi ing alam sawise mati, becike sira singkiri tumindak sing ala lan seneng pamer iku. Adhuh … Rangga kok apakake sikilku iki, rasane kok panas banget ?”

Samaparane ramane dipijet sarosane, minangka tandha yen Raden Rangga ora seneng marang pangandikane ramane. Panembahan Senopati inggal nendhang Raden Rangga nganggo samparane, saengga Raden Rangga mencelat metu nabrak beteng kraton ngati jebol lan tiba ing desa Depokan (sing saiki mapan ing sisih kidule Kraton Bonbin Gembira Loka).

Raden Rangga banjur mlayu ninggalake Mataram, dheweke ngerti yen ramane duka banget, lungane tumuju ing Pati daleme pamane Wasis Jayakusuma. Nalika iku sang paman lagi lenggah siniwaka diadhep para nayaka ing pendhapa kadipaten. Adipati Wasis ngawe, supaya Raden Rangga nyedhak ing sajroning pendhapa ana watu gedhe, sing ora bisa dipindhahake nalika pendhapa kabangun, sebab ora ana dalan liyane. Raden Rangga nerjang watu gedhe iku saengga watu iku ajur rata karo lemah. Kabeh sing ana ing kono padha gumun. Raden Rangga banjur mapan sawetara ing Pati ndherek pamane.

Amarga wis sawetara ing Pati, Raden Rangga rumangsa kasepen, ora bisa dolanan gatheng, watu bunder 50 kg, dheweke nimbali lan dadi bosen banjur takon marang sawijining prajurit sing jaga regol :

“Paman, apa ana ing kene ana wong sing sekti ngluwihi aku ?”

“Wonten Raden, satunggiling pertapa ingkang sumendhe ing wit, lan elok, wit asem wau dados garing lan pejah.”

Raden Rangga banjur diterake ing pertapa iku, banjur takon marang pertapa.

“He, sang atapa, jawaben pitakonku iki, apa sejatine tujuwane wong urip iku, lan kepriye nasibku besuk ?”

Sarehne sing ditakoni meneng wae sang pertapa banjur ditendhang tba klumah, sadurung tekaning pati, pertapa mangsuli lan sepata :

“He, bocah enom sing ora ngerti tata karma, wong urip iku mung bekti lan ngawula marang Gustine, dene nasibmu ora bakal suwe uripmu, yen besuk ing Mataram la ana ula gedhe sing gawe gendra yaiku sing bakal males tumindakmu sing seneng milara.”

“Aku ora wedi, saiki kena, besuk ora dadi apa,“ wangsulane Raden Rangga kumaki.

Kabeh kedadeyan sing dialami ing Pati dicritakake ramane ing Mataram. Raden Rangga banjur kadhawuhan meguru ngaji marang eyange Ki Juru Martani, supaya sampurna ngelmune. Sanajan ing sajroning ati ora seneng, Raden Rangga nurut wae. Satekane ing daleme Ki Juru Martani, Raden Rangga nunggu Ki Juru Martani lagi sholat luhur, sinambi mbolongi jun (wadhah banyu saka watu) karo drijine. Banyune dadi mancur, Raden Rangga seneng atine. Ki Juru Martani priksa banjur ngendika :

“Thole Rangga, apa drijimu ora lara, watu iki rak atos ?”

“Boten eyang, menika watu empuk sanget.”

“Atos, watu iku atos.” Ngendikane Ki Juru Martani. Sanalika watu dadi atos, tangane Raden Rangga krasa lara. Raden Rangga rumangsa salah banjur gelem meguru eyange, diwulang tata karma lan budi pekerti luhur lan ngelmu utama.

Sawijining dina Rangga kadhawuhan nyingkirake ula gedhe sing nggaggu warga ing Patalan Bantul. Ula sing nggubet awake bisa dikalahake, ula mati amarga sirahe dikepak ajur dadi sawalang-walang. Raden Rangga ora ateges menang, awake krasa lara, balunge remuk kaya dilolosi nalika digubet ula, wekasan Raden Rangga seda, trep kaya sabdane sang atapa sing dipilara tanpa dosa.

(Mulyantara, 2000).

2. Mangsuli Pitakon

Wangsulana kanthi basa ingkang sae !

a. Apa ancase Panembahan Senapati nimbali Raden Rangga ?

b. Geneya Panembahan Senapati ora sarujuk ksaro tumindake Raden Rangga ?

c. Sapa sing dianggep mitrane Panembahan Senapati ?

d. Apa sebabe Raden Rangga serik atine marang ramane ?

e. Kepriye sawise Panembahan Senapati rumangsa dipilara putrane ?

f. Menyang endi playtune Raden Rangga, sawise wedi karo ramane ?

g. Apa sebabe sang pertapa bisa diarani sekti ?

h. Sang pertapa ditendhang dening Raden Rangga, njalari patine. Geneya Raden Rangga tumindak mangkono ?

i. Kepriye sepatane (sabdane) sang atapa marang Raden Rangga ?

j. Ki Juru Martani luwih sekti katimbang Radeen Rangga, endi buktine ?

3. Ngandharake Panemu

a. Coba aranana watake paraga ing crita Raden Rangga ?

b. Sanajan putra ratu Raden Rangga duwe watak sing ora kena kanggo conto. Wenehana katrangan sacukupe !

c. Apa tegese Sudira Jayaningrat lebur dening pangastuti ?

d. Kadadeyan apa sing njalari Raden Rangga sadhar tumindake sing ala ?

e. Aranana budi pekerti/piwulang sing ana ing wacan Raden Rangga !

Tugas

Goleka crita rakyat liyane, banjur golekna budi pekertine ! Saben siswa saora-orane siji. Asile banjur diklumpukake, dijilid bisa kanggo wacan bebarengan !

B. Tembang Macapat

1. Cobi sekar macapat kasekarna, saged kangge gladhen ing griya !

MIJIL Pelog Pathet Barang

3 5 6 7 7 7 7 7 6 7 2 0

De- da – lan – e wong kang da di mu-rid

6 3 2 2 3 7 2

ku – du an dhap a – sor

6 7 2 3 5 6 7 5 6 5 3 2

wa- ni nga – lah lu – hur we-kas an e

7 2 2 2 2 2 2 3 2 7 6 0

a ja se-neng du – we wa tak se-rik

3 5 6 6 6 6 . 0

bapang den sim-pang – i

5 6 7 5 6 5 3 2 . 0

a – na ca – tur mung kur

2. Teges Tembung

· Luhur = dhuwur drajade

· Wekasane = wasana, pungkasane

· Serik = lara ati

· Bapang = alangan

· Simpangi = singkiri

· Catur = omongan, gunem

· Mungkur = ora nggatekake, preduli

3. Gancaran

Coba tembang Mijil iku gancarna nganggo ukaramu dhewe !

Carane :

a. Diwaca sapada nganti rampung

b. Dipahami apa isine utawa intine

c. Yen durung paham, digoleki tegese tembung baka satembung banjur dipahami isine kanthi wutuh

d. Isine ditulis dadi gancaran nganggo basamu dhewe

e. Bisa uga digancarake manut larik-larike, sing penting ukara runtut

f. Ditliti maneh supaya pas isine antarane tembang lan gancarane.

IV. NULIS

A. Layang

Serat (layang) wujudipun maneka warni kados ingkang kaandharaken ing ngajeng, umpaminipun :

1. Serat iber-iber (surat pribadi)

2. Serat ulem (undangan)

3. Serat kitir (telegram)

4. Serat lelayu

5. Serat dhawuh (surat perintah)

6. Serat prajanjen (surat perjanjian)

Tuladha sawetawis :

1. Serat Prajanjen

Wujuding

2. Tuladha Serat Prajanjen

Serat

B. Karangan

Ngandharaken gagasan bisa maneka warna carane ing antarane kanthi wujud karangan. Kanthi karangan gagasan wau bisa dingerteni/diwaca wong liya.

Wujude karangan :

1. Argumentasi (sawijining panemu adhedhasar lelandhesan gumathok, supaya wong percaya marang panemu kasebut).

2. Deskripsi (sing dicritakake adhedhasar apa sing dideleng lan dirungu).

3. Eksposisi ( karangan iki adhedhasar panemune wong sing ngarang).

4. Narasi (adhedhasar imajinasi/daya khayal, bisa wujud prastawa sing dumadi).

Sing kudu digatekake nalika gawe karangan :

1. Nemtokake tema

2. Milih irah-irahan (judul). Judul becike nganggo tembung sing becik, cekak aos, narik kawigaten sing maca

3. Basane sing becik.

4. Ukarane runtut (urut trep lakuning crita), yen ora runtut bisa gawe sing maca bingung, ora ngerti karepe apa isine karangan.

5. Tulisa sing cetha, ora akeh orek-orekan (tip-ex).

6. Antaranme tema, judul la nisi tansah sesambungan, cocok (jumbuh)

7. Sadurunge ngarang bisa kanthi gawe cekorongan (kerangka).

Tugas

Gawea karangan bab papan wisata sing kok ngerteni, sokur yen siswa wis nate wisata ing papan iku. Wujude karangan para siswa bias milih kaetrepake karo pilihanmu, basane baku, manut ejaan basa Jawa sing bener lan migunakake unggh-ungguh basa sing becik.

C. Nulis Latin

Kawaosa lajeng kaserata latin !

1.Äai=[fovanlimsi=ka=ge[pW=otuwyaiku:.

1.Äsi=zuki/jiwrgmu.

2.Äsi=mitulu=ziskbebyautws_sr.

3.Äsi=[zo[pnNiNitnPanJlukPiwles¿,

4.Äsi=a[wh[zlM| lnKpinTe/rn¿,

5.Äsi=a[whszu[zlM| agm.

2.Äsupyl=g_psefulu/rnM|si=kufufig[tk[k.

1.Äajceqil¿,

2.Äsen_mitulu=zi.

3.Äsi=juju/aj[go[roh.

4.Äajg[wserik¿

5.ÄtnShz[jnNi.

3.ÄancrsupyauripM|mul-yaiku:.

1.ÄbekTimr=[w=otuw.

2.Ät}sNmr=sefulu/.

3.ÄmemP_zibfh.

4.Ä[aorweghan¿,

5.ÄninFa[kttkºm

%d bloggers like this: