G. LKS 7

WULANGAN  : BUDI PEKERTI

Kompetensi Dasar :

I. Nyemak : Nyemak lan nanggapi waosan

II. Micara : Nindakaken pacelathon. Ngandaharaken pamanggih adhedhasar pengalaman

III. Maca : Damel serat perjanjen. Nyerat Jawi

IV. Nulis : Nyekar Mijil

I. NYIMAK

A. Crita Wayang

Pethikan saka Kalawarti iki wacanen, siswa liyane nyemak.

BATHARA GURU

Bathara Guru iku putrane Sang Hyang Tunggal lan Dewi Wiranti, sedulure ana loro yaiku Sang Hyang Antaga (Togog) lan Sang Hyang Ismaya (Semar). Amarga menamg sayembara ngulu jagad, Bathara Guru bisa dadi retuning dewa lan retuning titah ig jagad tribawana. Tribawana tegese jagad telu, yaiku Jagad Luhur mapane para dewa-dewi, Jagad Madya mapane para manungsa, lan Jagad Andhap mapane para kewan, jin lan saisine bumi.

Sesebutan liyane Bathara Guru yaiku Sang Hyang Manikmaya, Sangkara, Purbawasesa, Girinata, Jagadgirinata, Jagadpratingkah, Suksma Tunggal, Catur Buja, Dewa Bathara, Guwenda.

Nalika Sang Hyang Tunggal paring sabda marang Manikmaya yen bakal nguwasani jagad, Manikmaya banjur duwe watak adigang, adigung, adiguna seneng mamerake rupane sing bagus lan kasektene. Dheweke rumangs sampurna tanpa cacad, Sang Hyang Tunggal priksa tumindake Manikmaya banjur duka, ban jur paring sabda cacad badane supaya Manikmaya ora rumangsa sampurna lan kumalungkung. Sanalika Manikmaya dadi cacad, gulune belang, sikile lumpuh, mawa siyung, cacahe tangan papat. Amarga sikile lumpuh mula saben tindak-tindak nitih lembu Andini.

Garwane aran Bathari Uma, Dewi sing ayu disabda dadi raseksi (buta wadon) sing ala rupane lan duwe siyung. Ing lakon wayang Sudamala, Sadewa (ragile Pandhawa) sing bisa ngruwat Bathari Durga bali wujud asale widadari sing ayu rupane. Lakon Sudamala iki nganti saiki kanggo ruwatan bocah sing dianggep sukerta. Karo Bathari Uma, Bathara Guru peputra lima yaiku Bathara : Brahma, Indra, Bayu, Wisnu, Sambu lan sing wujud buta aran Bathara Kala. Karo Bathari Laksmi, peputra Bathara : Sakra, Maha Dewa, lan Asmara.

Ana ing crita pewayangan, sanajan retuning dewa, Bathara Guru kondhang tumindak sing nerak bebener. Umpamane nate mbela Durga lan Kala, amarga garwa lan putrane, kamangka Durga lan Kala tumindak ala sebab arep mateni Pandhawa. Uga nalika Bathara Guru arep mbanjut (njabut nyawane lan ngangkat ragane ing kahyangan) Wisanggeni, Werkudara, Antasena amarga tetelune dianggep murang tata sebab ora bisa basa.

Sanajan anggone tumindak ora becik wis dielingake Narada (Patih Kahyangan) nanging Bathara Guru ngagungake panguwasane sing bisa ngalahake mung Semar (Ismaya). Yen dielingake Semar ora manut banjur sedulur loro iku padu, Sang Hyang Wenang sing misah lan paring pitutur.

Budi Pekerti :

1. Paribasan “Suradira Jayadiningrat, lebur dening pangastuti”, ateges tumindak angkara (ala) bakal kalah dening tumindak becik.

2. Sapa adigang adigung adiguna bisa cilaka.

3. Aja dumeh mundhak keweleh, aja dumeh kuwasa banjur sawiyah-wiyah marang pepadhaning titah.

4. Tumindak sing adil, aja dumeh kulawarga (tumindak ala) banjur dibela, yen ora bener kudu dielingake.

5. Aja duwe panganggep dhiri sampurna, mundhak cilaka.

6. Pemimpin kudu bisa ngayomi kawula dudu nguwasani.

7. Manungsa kudu bisa rumangsa, aja rumangsa bisa. Yen bisa ngrumangsani kahanane/pribadine bakal andhap asor/lembah manah. Nanging yen rumangsa bisa, banjur dadi umuk/kemaki, kumalungkung. (Jatirahayu ing Mutyara Rinonce)

B. Mangsuli Pitakon

Kawangsulana kanthi basa krama ingkang sae !

1. Menapa sebabipun Bathara Guru saged dados retuning dewa ?

2. Menapa tegesipun jagad Tribawana ? Cobi katerangna !

3. Watak awon kadospundi igkang dipungagadhahi Bathara Guru?

4. Bathara Guru kasabda Sang Hyang Tunggal dados cacat. Menapa ingkang njalari ?

5. Sasampunipun kasabda dados cacat, menapa tumindakipun awon lajeng ical ? Pundi buktinipun ?

C. Tegese Tembung

Kapadasana tegesiung tembung menika!

1. sayembara 6. sewiyah-wiyah

2. murang tata 7. titah

3. sabda 8. andhap asor

4. ruwatan 9. umuk

5. sukerta 10. kumalungkung

D. Kosok Balen (Antonim)

Cobi kapadosana kosok wangsulipun tembung-tembung kang kacithak miring !

1. Tiyang andhap boten gaduk mendhet rambutan, lha yen tiyang …… mesthi saged gaduk tanpa andha.

2. Boten wonten tiyang sampurna, tiyang menika kathah ……

3. Aja seneng kekancan karo bocah kang tumindake ala mundhak ketularan, kekancana marang marang bocah sing tumindake ……

4. Bapak sampun tindak Jakarta, ibu malah nembe …… saking Sala.

5. Wah aku jan ….. tenan, ora eling yen kowe kuwi juara pidhato basa Jawa.

6. Aku ora kuwat ngangkat watu iki, mula dak ……

7. Bocah kok murang tata, bok sing duwe ……

8. Aja wedi ing bebener, nanging wedia ing ……

9. Dadi anak kudu manut marang wong tuwa, aja …….

10. Wong seneng padu kuwi ora becik, bok sing padha ……

E. Dasanama

Menapa dasanamaning tembung menika? Lajeng kadamelna ukara ngangge salah setunggaling tembung dasanama. Saben dasanama setunggal ukara mawon !

Conto :

Ati : manah, penggalih, nala, kalbu, prana, tyas, wardaya

Ukaranipun :

Wah atiku seneng bangewt amarga bisa nembang Jawa.

Utawi

Menawi wonten ingkang kirang mranani ing penggalih, kula nyuwun pangapunten.

Utawi

Ature Patih Sengkuni, datan hanuju prana ing penggalihira Sang Nata Prabu Duryudana.

Soal :

1. ratu

2. dewa

3. bumi

4. buta

5. raga

II. MICARA

A. Pacelathon

Cobi pacelathon menika katindakna!

Ing saben dintenipun tiyang tansah srawung kaliyan tiyang sanes kangge myekapi kabetahanipun. Salebeting srawung tiyang kedah nindakaken tata krama, sebab, tiyang ingkang tansah nindakaken tata krama badhe mulya gesangipun lan dipunurmati tiyang sanes. Kosok wangsulipun tiyang ingkang boten purun nindakaken tata krama badhe rekaos gesangipun amargi boten dipunkormati lan dipunpitados tiyang sanes.

B. Ngandharake Panemu

Kaandharna pamanggihipun para siswa piyambak-piyambak !

1. Bapak lan ibu ing gambar, pirembagan ngginakaken basa krama. Menapa sebabipun migunakaken basa krama ing pirembaganipun ?

2. Kadospundi menawi bapak (ing gambar) migunakaken basa ngoko ? Menapa wonten bedanipun ?

3. Miturut para siswa kadospundi solah bawa (sikap) bapak lan ibu ing ngajeng nembe pirembagan ? Menapa sebabipun kedah mekaten ?

4. Cobi kasebatna ginanipun basa krama, ing pasrawungan ?

5. Bapak kaliyan ibu ing gambar migunakaken basa krama, menapa boten ngangge basa ngoko kemawon ?

C. Gawe lan Nindakake Pacelathon

Damela pacelathon, kanthi basa ingkang trep, sasampunipun sampun dados lajeng dipunperagakaken kaliyan kanca (saged miloih salah setunggal).

III. MACA

A. Budi Pekerti

Waosan menika kawaosa kanthi tliti!

MARAKAKE DAWA UMURE

Wis tau diandharake Manawa tata krama iku tumuju marang raharjaning urip. Raharja utawa slamet, slamet awake slamet keluwargane, slamet bangsane lan slamet jagad sakabehe.

Yen wong wis suwe ora ketemu, samangsane ketemu banjur nakokake kabare :

“Kepriye kabare ? Padha slamet ta ?”

“Rak padha slamet ta ?”

“Mugi-mugi sami ginanjar wilujeng.”

Keslametan kuwi kajaba wujud kanugrahaning Gusti, uga ana gandheng cenenge karo rekadayane manungsa. Keslametan gegayutan karo katentreman, kasarasan, kabagyan lsp.

Saiba raharjane yen saben kulawarga padha ngerti karukunan saben makarya ing sajroning bungah lan susah. Kabeh padha netepi pranatan, padha nindakake hak lan kuwajibane dhewe-dhewe. Bapak, ibu lan para putra Bantu binantu mujudake karesikan papan (omah) saengga bisa mujudake kasarasan lan kabagyan. Yen papane resik, barang-barang tumata bakal ngresepake pandeleng.

Kamar kerep dibukak, disaponi, cendhela diengakake supaya soroting srengenge bisa mlebu, hawa bisa ganti, sawang, bledug lan rereget diresiki. Lemari, laci, kerep dibukak lsp.

Pekarangane resik, kalen, ilen-ilen banyone mili lancar, uwuh dibuwang ing papan sing sumadya, yen wis akeh diobong supaya ora dadi sumbering penyakit. Bak kamar mandhi ajeg dikuras, dikosek, diudi ajeg resik ora mambu, diwenehi kapur barus, wangi-wangi supaya seger hawane lan gawe krasan. Sabun, sikat, sampo, ditata ing wadhahe. Andhuk yen wis bubar dienggo diisis dijereng lsp.

Bangsa sing wis maju, duwe tata krama sing gumathok. Kuwi wis diku;linakake wiwit cilik ing kulawarga, banjur dadi kabutuhan lan pakulinan sing otomatis. Kaya wong mangan lan ngombe yen yen ora mangan mesthi luwe, yen ora ngombe bakal ngelak. Mangkono uga bab nindakake karesikan, yen papan sing dideleng lan dienggoni ora resik, rumangsa ora kepenak, ora jenjem. Umpamane omahe reged, pating blengkrah, kolah pesing, yen ana tamu, banjur tamune duwe penemu sing duwe omah ora ngerti karesikan lan tata krama. Pancen tata krama iku kudu dipeksa wiwitane saengga dadi kabutuhan lan peranganing urip. Ana bab-bab sing pantes ditiru amarga pancen becik amrih uripe rahayu, umpamane :

1. ngulinakake tangi esuk

2. ajeg olkah raga

3. aja mangan kakehan/kuwareken

4. ora ngulinakake ngrokok

5. ora ngulinakake ngombe kopi, inuman keras lsp

6. saben dina tansah senenging ati, bungah, binger, sumeh, ora gampang nesu, ora gampang sambat lan mutung.

Jare pakulinan iku marakake dawa umure, tansah nemu keslametan,. Kasarasan, lan kabagyan, ateges kabeh mau trep karo gegayuhaning tata krama.

(Sudiyatmana, 1992, Tentrem Raharja, mawa besutan).

B. Kawruh Basa

gandheng ceneng = sambung rapet, sesambungan

makarya = nyambut gaw

pandeleng = panyawang

diudi = diupayakake

jenjem = tentrem, jenek, betah

kolah = kamar mandi

bingar = ora suntrut

mutung = putus asa

Tugas

Maca wacan (dongeng, crita, panemu, andharan), banjur andharna panemumubab budi pekerti sing ana ing wacan.

IV. NULIS

A. Ngandharake Panemu

Cobi kawangsulana adhedhasar pamanggihipun para siswa piyambak-piyambak !

1. Kadospundi isining cariyos/lampahan ringgit manut para siswa?

2. Bathara Guru menika putranipun Sang Hyuang Tunggal nanging Sang Hyang Tunggal tegel nyabda Bathara Guru dados cacad. Piwulang menapa ingkang saged kapendhet?

3. Aja tumindak ala bakal cilaka. Ing waosan Bathara Guru andharan pundit ingkang sageddados buktinipun ?

4. Ing pewayangan wonten paraga satriya lan raseksa. Minangka gegambaran menapa paraga kekalih menika?

5. Nalika Bathara Guru tumindak awon, wonten paraga Narada, Semar, Sang Hyang Wenang, menapa maknanipun paraga menika?

B. Ngganepi Sarasilah (silsilah)

Cobi kajangkepana sarasilahing wayang menika! Kangge njangkepi silsilah menika para siswa pados nara sumber (dhalang, pinisepuh pandhemen wayang) buku-buku sumber pedhalangan.

Sang Hyang Tunggal + Dewi Wiranti

 

..…………..… (Togog)

Manikmaya (………) + Uma

Kanastri + Ismaya (…….…)

Peputra : peputra :

1. …………….……… 6. ……………………. 1. …………….……..

2. …………………… 7. …………….……… 2. ……………………

3. …………….…….. 8. …………….……… 3. ……………………

4. …………….…….. 9. …………….……… 4. ……………………

5. …………………… 10. ……………..…….. 5. ……………………

Manikmaya (…..) + Laksmi

(Wujud Buta)

peputra angkat : peputra :

1. ……………………… 1. ……………………

2. ……………………… 2. ……………………

3. ……………………… 3. ……………………

C. Paribasan

Paribasan yaiku unen-unen sing tembung ajeg panganggone (ora kena diowahi/diganti) mawa teges entar (arti kiasan), tetembungane lumrah (wantah) ora nganggo gegambaran kewan, barang.

Tuladha :

1. Gemi, setiti, ngati-ati

Tegese = ora ngebreh/boros, tliti lan kebak petung tumindake.

2. Jer basuki mawa bea

Tegese = kabeh gegayuhan/pepinginan kudu nganggo ragad.

Kacocokna paribasan kanthi milih wangsulan ingkang cumawis !

No

Tegesing Paribasan

K

Paribasan

1.

Wong tuwa bakal melu ngrasakake tumindake anake

a.

Angon mangsa

2.

Uripe rekasa banget

b.

Mbuwang tilas

3.

Nyambut gawe mempeng tanpa pamrih

c.

Pupur sadurunge benjut

4.

Akeh omonge nanging mrantasi gawe

d.

Ketula-tula ketali

5.

Melu seneng nanging ora gelem ragad

e.

Nabok nyilih tangan

6.

Ora ngrungokake omongan sing ala

f.

Criwis cawis

7.

Golek wektu sing prayoga

g.

Keplok ora tombok

8.

Ethok-ethok ora ngerti tumindak ala sing dilakoni

h.

Entek amek kurang golek

9.

Tumindak ala kanthi kongkongan wong liya

I.

Sepi ing pamrih rame in gawe

10.

Sapa sing salah bakal konangan

j.

Njajah desa milangkori

11.

Anggone ngunek-unekake wong sakatoge

k.

Ciri wanci lelai ginawa mati

12.

Ngati-ati sadurunge nemu cilaka

l.

Anak polah bapa kepradhah

13.

Pakulinan ala ora ilang yen during mati

m.

Sebaya mukti sebaya pati

14.

Lelungan tekan ngendi-endi

n.

Ana catur mungkur

15.

Rukun nganti tumekaning pati

o.

Sapa salah seleh

Pados tuladha paribasan sanesipun (5) lan tegesipun !

Tugas

D. Nulis Jawa

Tulisen Jawa ukara ing ngisor iki!

1. Jagad luhur mapane para dewa.

2. Aja rumangsa sampurna tanpa cacad.

3. Dewi Uma dadi buta sing duwe siyung.

4. Aja tumindak adigang adigung adiguna.

5. Suradira jayaningrat lebur dening pangastuti.

6. Aja dumeh mundhak keweleh.

7. Aja rumangsa bisa mundhak cilaka.

8. Ciri wanci lelai ginawa mati.

9. Anak polah bapa kepradah.

10. Entek amek kurang golek.

%d bloggers like this: